It's my life...



Cerpen Basa Jawa

Wednesday, November 2, 2011

DALAN PALING APIK
Anggitanipun : Mu'azzatul Faridah

Wes jam sewelas bengi, nanging aku durung ngantuk blasss,aku iseh ning ngarep komputer nggarap tugas-tugas, ngowahi pidato basa inggrisku sing arep tak nggo lomba seminggu meneh, nggawe proposal kegiatan OSIS,nggawe agenda latihan PASSUS lan nglengkapi persyaratan-persyaratan kanggo melu siswa teladan ben isa entuk beasiswa lompat kelas lan sekolah neng luar negeri….
Kesele cuahh… nanging liyane iku aku uga mikirke siji perkara sing gawe aku ora isa turu lan konsen ning gaweanku. Kepiye ora kepikiran, ndek awan kak irfan nembak aku, de’e muni yen de’e seneng aku lan pengen dadi pacarku… kepiye aku rak kaget, tak akoni aku seneng, seneng banget malah amerga aku ya seneng de’e tapi aku ora isa jawab “yo”. Perkarane sarah, kanca karibku, CS kentelku iku uga seneng kak irfan, malah kawet mlebu SMA iki. Padahal yo sarah iku nyata-nyata luweh ayu saka aku,penampilanku kalah adoh nanging yo mboh kenapa kak irfan isa luweh seneng karo aku, menawa perkara aku luwih penakan,luwih eassy goinglah unine ki. Gara-gara iku aku rak mungkin isa nampa kak irfan senajan aku uga seneng de’e,aku moh nggawe lara atine kancaku kuwi. Aku nghindar terus saka kak irfan, rak tau wani marani apa meneh ngomongi.
Gara-gara mikir sembarang kaler kuwi aku lara. Wes patang dina aku rak mangkat sekolah. Nanging aku tetep pengen maju ning Semarang ngo melu lomba pidato basa inggris lan melu test uga nggawe persyaratan kanggo ngentokke beasiswa siswa teladan kuwi.
Huhh… sa’ake kak irfan wes ngenteni suwe jawabanku. Pas aku ape turu awan…
“fa,ki lho ana sarah,tak kon mlebu ya..?”
“nggeh bu,matursuwun”
Banjur sarah mlebu..
“pye tah fa fa.. ke kok isa ngene ki lho. Eh ki lho biji ulangan basa jawamu, sangar tenan kuwe fa,ntuk 9,aku muk 8.”
“halah opo tah sar2”
“eh fa aku pe njaluk tulung ning kuwe ki nanging engko waelah tek kuwe wes waras ben penasaran.”

Akhire aku mlebu sekolah meneh. Bareng mlebu sekolah aku langsung latihan pidato terus lan melu test beasiswa iku,rak ana sing ngerti yen aku ndaftar beasiswa iki kejaba ibu lan bapakku. Njarak tak delikkna saka kanca-kanca,aku moh nggawe kanca-kanca do lebay yen ngerti aku melu iki,apa meneh yen aku ketrima. Neng jero kelas…
“fa ke kan wes ngerti si tek aku wes suwe seneng karo kak irfan.. aku isa njaluk tulung kuwe rak??” unine sarah neng jejerku.
“maksudmu aku mok kon nyomblangke kuwe karo kak irfan sar??”
yupz… bener kuwi mbak! Gelem ra???”
“Piye yo… cah lanang sing seneng kuwe ra okeh si sar,geneo mesti milih kak irfan si??”
“pokoke aku senenge karo kak irfan fa…..”
“yo wes,yo wes tak cobane…”
Aku bingung geneo aku isa muni ngono. Nanging aku bakal mbuktikna omonganku mau senajan rasane abot. Bakal tak lakoni amarga aku sayang karo sarah.. kan iku gunane
sahabat to??.

Dina minggu esok iki aku lunga neng semarang,perlune ngo lomba pidato basa inggris lan test kanggo ntuk beasiswa. Tak lalikke ndisek masalah-masalah sekolahku uga masalah kak irfan pokokke fokus neng lomba lan test iki. Muga-muga wae aku isa menang lan isa ntuk beasiswa kuwi. Deg-degan banget rasane….

Alhamdulillah ya Allah…. Rak uwes-uwes lek ku ngucap syukur marang Gusti kang Kuwasa. Aku rak nyangka aku isa melu final lan isa menang senajan juara 2 nanging aku wes bungah banget. Piala wes neng tangan,kerek ngenteni minggu ngarep,pengumuman beasiswa saka Jakarta. Ketar-ketir lek ku ngenteni. Akhire seminggu lebar. Surat saka Jakarta teka…
“ndok… fafa…. Ki lho ana surat” ibu nimbali kula
“dalem bu… nggeh sekedhap bu”
“pundi bu surate??”
“ki lho.. diwaca bareng-bareng kene lho ndok”
Surat iku banjur tak waca karo ibu. Isine…..
“SELAMAT ANDA BERHASIL MENDAPATKAN BEASISWA SISWA TELADAN”
untuk itu anda diharapkan mengikuti karantina lompat kelas di Jakarta dan akan dikirim ke singapura untuk lanjut kelas disana.
Atiku bungah rak mekakat, kaya-kaya orak percaya karo apa sing tak rasakna iki. Aku pancen pengen entuk beasiswa iku nanging aku rak nyangka yen bocah klutuk saka ndesa,lan sing jare tangga-tanggaku aku mung dadi bintang kampung isa melu lompat kelas lan sekolah ning Singapura. Ibu sing kawet mau orak isa ngomong banjur ngrangkul aku lan ngajak sujud syukur. Rahmat-Mu Ya Allah.......
Bareng ning kamar aku mikir-mikir meneh. Neng Jakarta?? Banjur neng Singapura?? Saknalika awakku rasane lemes. Nanging ra pancen iki si sing tak enteni to?? Aku isa ucul saka masalah-masalahku lan isa nggawe seneng bapak ibu. Bapak ibu uga ndukung 100% aku entuk beasiswa iki. Kurang opo meneh?? Tak piker-piker aku seneng banget isa melu iki…

Akhire aku manteb ngomongke masalah iki ning kanca-kanca. Seng paleng kudu ngerti pisanan yo sara lan kak irfan. Aku bakal trimo kabeh resikone, senajan rasane abot nanging tetep bakal taklakoni. Neng ngarep ruang OSIS aku nemoni kak irfan.
“kak irfan maaf ya wes ngwenteni suwe. Tapi aku meh pindah kak.. aku diterima dadi siswi teladan lan kudu sekolah ning luar negeri. Minggu ngarep aku wes ning Jakarta kak,karantina. Maaf ya kak”
“apa fa??? Pindah??? Geneo ndadak??? Aja guyon fa!!!!”
“aku pancen njarak kak, nanging aku yo lagek ntuk surat iku ndekwingi lan kudu mangkat minggu ngarep,kuwe wong kapisan sing takkandhani kak. Dadi ke wes ngerti jawabane ra kak??”
“yo aku reti fa,jujur aku kecewa nanging aku bakal nyoba nrima..”
“sante kak bakal ana tambane,sarah,kancaku iku seneng kuwe wes suwe kak,de’e ayu,apek,gak kalah karo aku. Akeh seng seneng de’e tapi sarah luweh milih kuwe kak..”
Tak unikke kabeh ucapane sarah….
Siji masalah lebar, aku banjur nemoni sarah neng kantin.
“sar aku ape ngomong sedhiluk,neng taman ya!“
Sarah banjur metu nusul aku neng kantin ngarep kelasku.
“ana apa tah fa kok ketokke penting“
“aku encen ape ngomong penting sar”
“apa tah fa cepet ngomong!”
“aku ape pindah sekolah sar, uga pindah panggonan…. ”
“apa??????? Aja guyon fa… iki rak lucu blassss!!!”
tenan sar, aku melu pendaftarn siswa teladan ben isa lompat kelas lan sekolah ning singapura, lan alhamdulillah aku ketrima.... aku reti sar iki abot,nanging piye meneh aku rak mungkin ngecolno gegayuhanku seng wes ning ngarep mata..... maaf tek ndadak“
“Ya Allah fa.... kuwe kok sek tega si fa ninggalno aku! nanging rak apa-apa fa, aku bakal ndukung kabeh keputusanmu, muga-muga iku sing paling apik kanggomu, lan kuwe isa nggayuh cita-citamu“
“maturnuwun ya sar..... nyante,,kene bakal tetep kancanan,aku rak bakal nglalikno kuwe,kuwe tetep dadi kancaku seng paling apek.... BESTFRIEND FOREVER.....“
Aku lan sarah rangkulan bareng,rak krasa reti-reti ana banyu anget mili neng pipiku.....

Lega rasane wes ngetokno uneg-uneg ning pikiranku iki…. Menawa ki seng paleng apek kanggoku,kak irfan uga sarah.
Sa’iki aku wes seneng isa ngranggih panggayuhku kanti ati bungah….
Lompat kelas lan sekolah neng luar negeri. Singapura nggawe aku isa mbanggake wong tuaku….. lan mbuktikna ning tangga-tangga yen aku, Farida Karenina Melisa Putri ora mung isa dadi juara kampung, nanging uga isa Go Internasional.....
Maturnuwun Ya Allah…… ^_^

Mu'azzatul Faridah
Jerukwangi, 05 April 2010

0 comments:

Post a Comment